Keris, Agemane Wong Jawa

Purnawan AndraKeris dadi gaman golongane belati kang landhep kanthi fungsi kabudayan kang dimangerteni ing Nuswantara kususe sisih kulon lan tengah. Bentuke kang khas lan gampang dibedakke saka gaman liyane amarga ora simetris ing bongkotane kang luwih amba, wilahe kang nduweni luk lan uga nduweni pamor (damascene).

Panyebutan ‘keris’ katulis ing prasasti Karangtengah taun 824 M minangka daftar peralatan. Ing candi Borobudur ana siji panel nggambarke wong nyekel gaman kaya keris (Lumintu, 1985: 3). Ing candi Sukuh (abad 15 M) cetha nggambarke sijining empu kang lagi nggawe keris. Relief iki nggambarke Bima minangka pengejawantahane empu kang lagi numbuk wesi, Ganesha ing tengah lan Arjuna lagi mompa luweng tumbukan wesi. Ing latar mburine kagambarke barang-barang kasile nempa wesi, salah sijine keris (Moebirman, 1980: 13)

Catetane Ma Huan ing taun 1416, salah sijine anggota ekspedisi Cheng Ho, nyebutke wong-wong Majapahit mesthi nganggo ”belati” (pu-la-t’ou) kang diselipke ing sabuk. Disebutke uga yen ta ”belati” iki wis nduweni teknik nggawe pamor kang wis apik (Moebirman, 1980: 17). Tome Pires, pelaut saka Portugis ing abad 16, uga nyebutake gunane keris kanggo wong lanang Jawa (Cortesao, 2005: 179)

Fungsi Kabudayan

579314_4475896784273_1984780874_nKeris ora isa dipisahke karo kabudayan Jawa. Ing masyarakat Jawa, keris utawa curiga dadi salah sijine kalengkapan budaya. Masyarakat Jawa percaya yen kekuwatan simbolike keris ana ing pamor (bahan campuran kanggo nggawe keris saka watu meteor kang ngandhung unsur besi lan nikel)

Saka bahane, proses nggawe keris kanthi simbolik dadi konsep nyawijine ”bapa akasa – ibu pertiwi”. Bahan besi diolehke saka njero bumi (ibu pertiwi) lan bahan pamor saka meteor kang tiba saka langit (bapa akasa). Kalorone nyawiji dadi gaman keris (Timbul Haryono, 2004: 11) 

Ing jaman saiki, keris nduweni fungsi macem-macem. Bab iki isa kasebut saka maneka warnane bentuk keris kang ana. Keris dadi karya multi material lan multi skill (keahlian). Keris dadi penggabungan seni nempa logam ing wilah, seni kemasan utawa perhiasan ing mendak, selut lan pendoke sarta seni ukir kayu ing perangan warangkane. Pangerten babagan bentuk (dhapur) utawa morfologi keris (kalebu wilah keris) iki dadi babagan kang penting kanggo ngidentifikasi keris.

Saben perangan keris nduweni makna nilai filosofis dhewe. Beda bentuk lan bleger keris, beda uga nilai filosofis, makna kang dikarepke lan konteks panganggo kalebu kualifikasi kusus sing bakal nganggo keris. Keris saka blegere nduweni akeh simbol spiritual lan uga nilai estetika.

Fungsi utamane keris dadi gaman (pusaka) jaman biyen dadi sarana kanggo mbela awake dhewe saka serangane musuh lan kewan, kalebu sarana kalengkapane sesajen. Nanging fungsi keris minangka pusaka dadi berubah. Fungsi keris ”dialuske” sakwise saya ilange gejolak politik ing Nuswantara saka abad 19 sakteruse. Ing perkembangane perane keris minangka gaman saya suwe saya suda.

Contone, ing idealisme Jawa, wong lanang kang sampurna digambarke kanthi keris minangka perangan awakke kang dadi simbol cekelan ilmu/ketrampilan minangka sangune urip (Harsrinuksmo, 1985: 7–8). Perkembangane tata krama nganggi keris lan uga variasi bentuk keris (warangka) kang dimangerteni saiki uga dadi wujud ”ngaluske” fungsi keris.

Pasinaon keris minangka wujude teknologi masyarakat Jawa kurang disenengi katimbang aspek legendha lan magise. Ing jaman saiki, keris luwih dadi aksesori (ageman) ing busana utawa dadi barang koleksi kang dibiji saka estetikane. Wong nduweni keris mung dadi kalengkapan busanane nalika temu penganten. Mula keris banjur dipaesi nganggo intan berlian ing bongkotan kerise. Malah sarunge saka logam ukir kang diukir sarwa endah, lapis emas kekinclongan minangka simbol identitas sing kagungan. Keris dadi komoditi bisnis kang dhuwur etungane saka bongkot tekan wilah kerise.

Refleksi

Kabeh katerangan kasebut nuduhke yen sejatine keris dadi simbolisasi lembaga sosial, dokumentasi sosial, cermin kahanan sosial, moral sosial, eksperimentasi sosial, sistem sosial, sistem semiotik (semiotik sosial lan uga semiotik kabudayan) kang sugih nduweni nuansa makna kang ana ing sajroning tandha-tandha kang kawujudake saka karya seni, saka tandha-tandha ikonik, indeksikal utawa uga tandha-tandha simbolis.

Kosepsi simbolis kuwi mau dadi pangerten kang nguripi saben dinan wong Jawa. Kapercayan kang tuwuh suwe sajroning urip saben dina kuwi mau nuwuhke interpretasi kreatif lan ngemot interpretasi visual kang mujud dadi bentuk seni keris.

Nanging sepisan maneh, keris ora mung masalah estetis, nanging luwih saka kuwi, nyakup kabeh aspek urip manungsa. Anane keris nduweni teges, menehi warna aspirasine manungsa tumrape lingkungan lan uripe kang tansah ngadhepi akehing masalah.

Ing pangajab, awake dhewe bisa nduweni pemahaman yen ta keris bisa didelok minangka sawijining prinsip ekspresi kabudayan komunal, sawijining “himpunan” kang didhasari dening elemen-elemen artistik (seni rupa, ukir, pahat lan kriya) lan uga elemen-elemen liya (sosial, politik, kabudayan, psikis apa dene spiritualitas) kang ndadeake integrasi antarane keris lan arti pentinge eksistensi awake dhewe minangka manungsa kang berbudaya.

(Purnawan Andra – Rubrik Pamomong Harian Suara Merdeka edisi Minggu 24 Maret 2013 hal. 19)

Iklan

tolong masukannya yah

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s