KULAWARGA SUMBER KABUDAYAN

Dening: Ki Jlitheng Suparman

asor-sore ngaurip puniki
ora liya anyingkur ing rasa
rasa rumangsane dhewe
anggepe asalipun
dudu saking bangsa trah Jawi
kasusu ingaranan
wasis pinter maju
uwohe ngrusak budaya
swuh budine kang luhur miwah utami
temah dadi urakan

(Macapat Dhandhanggula, Paku Buwono IX)

Saderengipun, kula ngaturaken panuwun awit lumantar pirembagan prasaja menika kula dipunparingi wekdal caos atur ngengingi sangu bab kabudayan ingkang prayogi dipunparingaken dhateng para putra ing salebeting lingkungan kulawarga.

Ing pirembagan padintenan kita asring mireng pangresula: “Bocah saiki wis padha ora ngerti unggah-ungguh lan tata karma, wis padha ora ngerti marang budayane dhewe”. Pancen kaprahipun lare samenika sampun boten mangertos bab subasita; tatasusila lan tatakrama. Tandang-tanduk pakartinipun sampun boten nggambaraken watak-wantuning tiyang Jawi. Kaprahipun para putra sami nyengkok utawi ngiblat dhateng tandang-tanduk utawi pakarti ingkang sumberipun saking kabudayan manca ingkang dereng kantenan trep kaliyan jiwa-pribadinipun. Pakarti ingkang geseh kaliyan watak-wantuning kabudayan Jawi.

Kawontenan gesangipun lare samenika ingkang kados makaten kalawau kenging menapa ndadak nuwuhaken raos prihatos? Menapa ingkang dipun kuwatosaken?

Suraos tembang Dhandhanggula ing nginggil paring wewarah dhateng kita ngengingi sabab-musababipun lare utawi tiyang ngemohi dhateng kabudayanipun lan kados pundi temahanipun. Inggih awit kasurung manah kepengin dipunwastani tiyang ingkang wasis, pinter tuwin maju (modern). Mila lajeng samukawis ingkang lami dipunanggep kuna, kabudayan manca dipunanggep langkung modern, lajeng agahan nilaraken samukawis bab ingkang lami utawi kabudayanipun piyambak. Boten nglegewa (sadar) bilih pakarti ingkang mekaten ngrisak budaya (kapribaden). Amargi boten purun malih ngugemi budi-pakarti ingkang luhur miwah utami wekasanipun dados urakan (liar). Mila boten lepat menawi para sepuh sami kuwatos ndulu dhateng kawontenanipun para putra ingkang kados dene kecalan kiblat paugeran gesang, inggih punika nilai-nilai etika wohing kabudayan Jawi, satemah kawistingal tilar tatanan (urakan). Tiyang urakan utawi nilar tatanan tartamtu uwohipun boten badhe sae tumrap dhiri-pribadinipun menapa dene tumrap gesang lan panggesangan ingkang langkung wiyar.

Kanthi mekaten kula remen saha nyengkuyung sanget dene samangke tuwuh greget saking para ibu ingkang kepengin paring sangu kabudayan Jawi dhumateng para putra murih boten kecalan kiblat budi lan pakarti.

Saderengipun kula matur ngengingi sangu bab kabudayan ingkang prayogi kangge alaming putra ingkang taksih timur ing salebeting kulawarga, langkung rumiyin kanthi reringkesan kula matur ngengingi: kabudayan menika menapa; tuk sumber ilining kabudayan menika mapan wonten pundi, sinten ingkang dados wadhahing sumber menika?

Kabudayan

Tarkadhang kita asring ngrembag bab kabudayan. Namung kemawon, kaprahipun menawi ngrembag kabudayan lajeng namung tumuju dhateng kesenian. Menika kirang trep. Kesenian namung perangan alit saking kabudayan. Ingkang dipun wastani kabudayan menika jembar tebanipun. Kabudayan menika tegesipun: sedaya pambudidayaning manungsa ingkang awujud kapitadosan, kawruh, basa, pakarti ‘tingkah laku’, tatacara, pirantos-pirantos saha barang wewangunan ingkang tumanjanipun kangge ngrampungi sedaya prekawis lan kapreluwan gesanging manungsa. Mila kabudayan menika wujudipun sakelangkung kathah, kados ta: ‘kapitadosan’ kangge ngrampungi kapreluwanipun manungsa sesambetan kaliyan Gusti Allah; basa, tatasusila lan tatakrama kangge ngrampungi kapreluwan pasrawunganipun manungsa kaliyan manungsa; teknologi wohing kabudayan kangge nggampilaken pakaryan; griya kangge ngrampungi kapreluwanipun manungsa murih boten kodanan lan kepanasen; resep masakan wohing kabudayan kangge ngrampungi kapreluwanipun ibu-ibu ngladosi dhaharan ingkang miraos kangge kulawarga; lan sapanunggilanipun.

Kabudayan sayektosipun mbekta watak-kapribaden tumrap manungsa utawi tetiyang ingkang nggadhahi kabudayan menika. Kabudayan ingkang sae badhe ndayani watak-kapribaden tetiyangipun sae. Kabudayan ingkang awon inggih badhe ndayani watak-kapribaden tetiyangipun awon. Awon-saenipun kabudayan menika ukuranipun menapa? Ukuranipun mapan wonten ing manfaat ‘tumanjaning’ kabudayan menika tumrap gesang lan panggesanganipun manungsa. Namung sampun ngantos kesupen, ingkang dipunwastani gesang lan panggesanganipun manungsa menika kalebet alam raya saisinipun. Kabudayan ingkang tumanjanipun sae tumrap manungsa nanging awon tumrap lingkungan alam, menika kalebet kabudayan ingkang awon.

Wos utawi inti kabudayan menika awujud subasita (etika), inggih menika pranatan ingkang ngatur dhateng tingkah-laku utawi pakartinipun manungsa. Anut kabudayan Jawi, etika tumrap manungsa kaperang dados tiga, inggih punika: etika sesambetanipun manungsa kaliyan manungsa; etika sesambetanipun manungsa kaliyan Gusti Allah; saha etika sesambetanipun manungsa kaliyan alam raya saisinipun. Etika menika daya mupangatipun murih nebihaken manungsa saking pakarti ingkang nuwuhaken samubarang ingkang awon tumrap gesang lan panggesangan.

Kulawarga Sumber Kabudayan

Kabudayan badhe gesang mecaki jaman menawi dipun-gulawenthah murih lestantun lan ngrembaka. Panggulawenthahing kabudayan menika sayektosipun wiwitanipun boten saking pundi-pundi, boten saking pamarentah, boten saking lembaga pendidikan, nanging saking kulawarga. Kekempalaning kulawarga-kulawarga punika ingkang sayektosipun dipunsebat masyarakat. Lestarining kabudayan ing masyarakat kawiwitan saking lestarining kabudayan ing kulawarga-kulawarga anggota masyarakat punika. Mila saged dipunwastani bilih kulawarga minangka sumber kabudayan, ingkang tegesipun lumunturing budaya sakin generasi setunggal dhumateng generasi salajengipun kawiwitan saking lingkungan kulawarga.

Lare nampi warisan budaya sepisanan inggih punika saking kulawarganipun, mliginipun saking tiyang sepuhipun, rama-ibu. Ing ngajeng kula sebataken, budaya menika wangunipun maneka-warna: basa, tingkah-laku, kapitadosan, kesenian lan sapanunggilanipun. Bayi lahir ceprot rumagang dados lare, wiwitan sinahu wicanten saking sinten? Saking rama-ibu! Sinau wicanten menika boten namung sinau mungel, nanging wiwit alit sampun sinau ngecakaken basa ingkang leres saha trep unggah-ungguhipun. Semanten ugi nalika dipun kudang ngangge tetembangan, lare menika inggih wiwit sinau bab nembang utawi kesenian tataran dhasar.

Kathah pakartining rama ibu ingkang nggulawenthah lare wiwit bayi ngemu suraos marisaken kabudayan dhateng putra. Mila tiyang sepuh, rama-ibu, ingkang nggadhahi kawruh lan kesagedan bab kabudayan ingkang pepak tartamtu badhe saged maringi warisan kabudayan dhateng putranipun langkung jangkep.

Warisan kabudayan ingkang kawarisaken saking rama-ibu dhateng putra punika saged dipunwastani taksih tataran dhasar. Nanging sampun klentu ing panampi, tataran dhasar menika tataran ingkang langkung wigatos amargi dados landhesan tumrap watak-wantunipun lare ing tembe wingkingipun nalika diwasa. Pramila tiyang Jawi rumiyin sanget wanti-wanti, nggulawenthah putra kedah ngatos-atos lan premati. Lepat panggulawenthahipun badhe awon tumanjanipun tumrap wataking lare, kosok wangsulipun leres panggulawenthahipun inggih badhe sae tumanjanipun tumrap wataking lare ing tembe wingkingipun. Nggulawenthah, mulang-muruk dhateng lare boten benten kados tiyang olah-olah. Bebakalanipun (bahan baku) pepak, bumbunipun jangkep, tur ingkang olah-olah prigel-pinter anggenipun ngracik, tartamtu dhaharan ingkang dipunasilaken inggih miraos saestu.

Ibu Minangka Guru Bakal

Miturut kawruh Jawi, tiyang gesang menika sinau dhateng guru cacah tiga, inggih punika: guru bakal, guru dadi lan guru sejati. Guru bakal inggih punika guru ingkang mucal dhasar-dhasaring kawruh lan kesagedan. Guru dadi ingkang mangun kawruh lan kesagedaning siswa langkung inggil lan wiyar. Guru sejati ingkang nedahaken bab kawicaksanan anggenipun ngecakaken kawruh lan kesagedanipun saengga tumanja tumrap gesang lan panggesangan. Lha lajeng guru tetiga punika mapanipun wonten sinten utawi wonten pundi? Guru bakal menika kulawarga mliginipun ibu, guru dadi inggih punika lembaga pendidikan lan lingkungan, guru sejati inggih menika pengalamanipun manungsa piyambak salebetipun nglampahi gesang.

Kados pundi leregipun dene ibu dipunlenggahaken minangka guru bakal? Amargi kaprahipun ingkang kelangkung caket kaliyan putra wiwit bayi menika sanes sinten-sinten kejawi namung ibu. Pramila ibu minangka paraga utami ingkang mucal dhateng putra bab dhasar-dhasar kawruh lan kesagedan. Ngibarat inggih ibu ingkang mbebakali kawruh saha ngelmi dhateng para putra. Ngibarat wiwit saking ngobahaken lathi, asta miwah suku kawiwitan saking ibu ingkang anuntun. Inggih hakekat obahing lathi, asta miwah suku ingkang sae punika ingkang mangkenipun dipunwastani kabudayan.

Mila dhawah leres menawi ing kalodhangan menika ibu-ibu ingkang kagungan greget rerembagan bab kabudayan ingkang prayogi kawarisaken dhateng para putra, inggih awit saking lenggahipun minangka guru bakal. Mliginipun ibu-ibu mudha ketingalipun kedah wiwit sinau bab kabudayan boten ketang ingkang prasaja tataran dhasar, awit inggih wonten ing astanipun ibu-ibu punika kados pundi wangun kapribadening putra ing tembe wingking. Kerata basa utawi jarwa dhosokipun guru ‘digugu lan ditiru’. Ingkang dipun-gugu tembungipun, ingkang dipuntiru pakartinipun. Mila menawi kepengin para putra mangke tetep ngregem kapribaden Jawi, purun boten purun ibu-ibu kedah saged ngendikan saha tumindak-makarti ingkang sae lan leres miturut paugeran lan jiwa budaya Jawi.

Lha ing mangke, kawruh kesagedan dhasar ingkang prayogi kaparingaken dhateng putra murih boten singlar utawi menceng saking jiwa-kapribaden budaya Jawi menika menapa kemawon?

Sumangga kita wangsulaken dhateng sanepan obahing lathi, asta, miwah suku. Obahing lathi ateges sesambetan kaliyan patrap-pangucap, obahing asta sesambetan kaliyan kaprigelan lan kawasisan, obahing suku ateges sesambetan kaliyan tumindak-pakarti ingkang luhur lan utami.

Basa Sumber Kapribaden

Wonten ungel-ungelan “ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana”, menika tegesipun menapa? Ajining dhiri mapanipun wonten ing kapribaden (kharakter). Tiyang ingkang kapribadenipun sae utawi luhur tartamtu dipunkormati dening akathah. Kosok wangsulipun menawi tiyang kabribadenipun awon utawi asor inggih tartamtu dipunasoraken utawi boten dipunajeni dening tiyang sanes.

Kapribadenipun tiyang saged dipuntingali kawiwitan saking pangandikanipun: kedaling lathi nalika wicanten, suraosipun wicanten, sarta patrapipun nalika wicanten. Kedaling lathi inggih punika nyakup babagan mranata suwanten saha wijangipun tembung. Nalika ngendikan suwantenipun dipuntata sora-lirihipun, wonten wiramanipun, lan tembung-tembung ingkang dipunucapaken kapireng cetha.

Suraosipun micara anyakup pamilihing tembung, panataning ukara, wos isining pangandikan. Pamilihing tembung, kados pundi migunakaken tembung-tembung ingkang sae, boten kasar utawi saru, trep undha-usuking basa. Panataning ukara, inggih punika racikaning tembung runtut boten kewalik-walik. Suraosing pangandikan tansah tumuju dhateng kesaenan sarta saged nedahaken wiyaring kawruh sarta nguwaosi prekawis ingkang dipun ngendikakaken.

Patrap nalika wicanten inggih menika solah-bawa utawi patraping raga. Kados pundi nalika ngendikan tansah anedahaken patrap ingkang anoraga (santun), boten ketingal sumongah (sombong) nanging ugi boten ketingal mringkus (rendah diri). Raga jenjem, polatan tajem, saengga boten ketingal rongeh.

Lha sapunika ngengingi mucal lare babagan basa kados pundi? Mesthinipun boten lajeng mbujung paugeran etik kados katerangan ing nginggil, nanging dipunjumbuhaken kaliyan alaming lare. Wondene ingkang prayogi dipunwigatosaken: (1) nglatih wicanten ingkang leres; (2) nglatih patrap ingkang leres; (3) pakulinan pangetraping basa ing lingkungan kulawarga.

Nglatih wicanten ingkang leres kawiwitan saking tembung-tembung ingkang prasaja nanging trep undha-usuking basa saha wijang kedaling lathi. Undha usuking basa, upaminipun pangetraping tembung ngoko, madya, lan krama inggil. Sampun ngantos kangge diri-pribadinipun dipunkramakaken, upaminipun: “kula badhe siram”. Kangge diri-pribadi ingkang trep inggih “kula badhe adus”. Makaten salajengipun. Wonten ing tembung-tembung jawi kedah cetha anggenipun mbentenaken pekecapan swanten: kadosta ‘ā’ kaliyan ‘å’, lan sapanunggilanipun. Semanten ugi kedal ‘t’, ‘th’, ‘d’, lan ‘dh’.

Kejawi mapanaken tembung ingkang leres, salebetipun wicanten inggih kagladhi patrap ingkang leres utawi sae. Patrap ngapurancang menawi wicanten ing ngajengipun piyantun ingkang langkung sepuh, patrap mendhak menawi mlampah nglangkungi ngajengipun tiyang, lan sapanunggulanipun.

Basa ambekta patrap ‘bahasa membawa sikap’. Basa Jawi sayektosipun satunggaling basa ingkang mbekta watak kebak subasita. Menawi wiwit alit kagladhi basa Jawi kanthi leres, kula pitados mangkenipun lare punika badhe gadhah kapribaden ingkang nengenaken dhateng tatakrami lan tatasusila. Mila tiyang Jawi, mliginipun tiyang Surakarta, ing pundi papan dipunkondhangaken alus patrapipun. Menika kabekta saking wataking basanipun. Basa Indonesia mbekta watak piyambak, basa Inggris mbekta watak piyambak, semanten ugi basa-basa bangsa sanesipun. Mila ngantos ing basa Indonesia wonten saloka ‘pepatah’; “bahasa menunjukkan bangsa”.

Pramila sumangga, menawi pancen kepengin generasi mudha kita salajengipun boten uwal saking kapribadenipun, purun boten purun kulawarga kedah mulang putra babagan basa. Menika baken sanget tumrap pambudidaya mangun kapribadenipun lare. Murih para putra saged ngecakaken basa kanthi saestu, kejawi dipunwucal paugeran ingkang leres, ingkang langkung baken lingkungan kulawarga ugi kedah ngulinakaken rerembagan padintenan ngginakaken basa Jawi.

Panggulawenthahing kabudayan tumrap lare, wonten ungel-ungelan: ngertine kelawan tetakon, bisane kelawan tetiron, sampurnane kelawan kulina. Menawi kulawarga-kulawarga setya migunakaken basa Jawi kangge sesambetan rerembagan padintenan ing lingkungan kulawarga, tartamtu para putra badhe saged ngecakaken basa Jawi kanthi langkung sempurna.

Kejawi pakulinan ngginakaken basa Jawi ing kulawarga, murih langkung sempurna sinaunipun lare, ugi prelu penyengkuyung sarana-sarana minangka jangkepipun buku-buku waosan abasa Jawi. Ingkang boten saged dipuntilaraken ugi inggih menika wiwit alit dipuntepangaken dhateng kagunan utawi kesenian Jawi, kawiwitan saking tembang-tembang dolanan, cariyos-cariyos, dongeng-dongeng, lan sapanunggilanipun ingkang sumberipun saking Jawi.

Dolanan Sumbering Kawasisan lan Kaprigelan

Wataking pawiyatan ‘sistem pendidikan formal’ ingkang lumampah ing jaman sapunika pancen boten saged dipunpaiben ndadosaken lare saya pinter. Ananging menawi dipunwawas kanthi premati, lare samenika namung kandheg wonten pinter. Bab wasis (cerdas) lan prigel (trampil) sayektosipun ringkih sanget utawi kirang. Awit ingkang dipun-gulawenthah namung ‘ngelmu apalan’. Kamangka ingkang dipunperlokaken dening manungsa menika pangertosan, boten namung “pinter” nanging “ngerti” utawi “wasis”. Satunggaling conto: satunggaling lare pinter sanget etung-etungan matematika. Nanging nalika dipunparingi cangkriman: wonten laler cacah sedasa mencok ing meja, dipun gebug pejah gangsal lajeng dipunbucal. Pitakenipun, taksih pinten laler ingkang kantun ing meja? Lare ingkang pinter matematika kalawau tartamtu mak ceg mangsuli taksih gangsal. Etung-etungan leres, nanging ngelmu kanyatan lepat. Jawaban ingkang leres inggih telas, jalaran ingkang gangsal sisanipun lajeng miber. Lha menika satunggaling canto prasaja mbentenaken antawis pinter kaliyan wasis utawi cerdas.

Semanten ugi bab kaprigelan “skill”, lare samenika kathah-katahipun ringkih. Jalaran samukawisipun sampun sarwa cumawis kanthi gampil (instan) lan kaprahipun keladuk dipunugung (dimanja), lare boten dipunkulinaken latihan rekaos kangge nyekapi kabetahanipun piyambak. Satunggaling conto babagan kabetahan dolanan. Dolananipun lare samenika langkung pepak lan sae. Namung wonten dalil anyar: saya pepak dolanane saya kethul kaprigelane saya gedhe srakahe. Lare menawi dipun uja dolanan tukon wedalan pabrik tartamtu boten gadhah pengalaman damel dolanan piyambak, mila lajeng kethul ketrampilanipun. Gandheng rumaos gampil anggenipun angsal dolanan, waton gadhah arta saged tumbas, lare menika boten gadhah raos pangeman. Anggenipun ngangge dolanan sak sekecanipun piyambak lan boten ajrih rusak jalaran menawi risak saged tumbas malih. Kajawi menika, gandheng jinising dolanan ing took menika pepak kathah sanget, lare boten gadhah pemarem. Kepenginipun sedaya dipuntumbas, namung kantun nari dhuwite, mila saya “gedhe srakahe”.

Kanyatan ing nginggil asring uwal saking kawigatosanipun para sepuh. Nguja dedolanan instan menika kathah awonipun tumrap ngrembakaning wataking lare. Mila prayogi wiwit alit dipunkulinakaken damel dolanan piyambak. Damel dolanan piyambak menika sakelangkung kathah mupangatipun. Kejawi lare dados prigel, ugi lare menika ngulinakaken gadhah raos marem, raos eman satemah ngopeni.

Wonten tigang mupangat ageng sesambetan kaliyan damel dolanan piyambak, inggih menika ngasah kaprigelan, ngasah kewasisan (kecerdasan), saha sinau ngendhaleni napsu. Ngasah kaprigelan, sampun cetha amargi kulina ngginakaken tanganipun ngrakit dolanan. Ngasah kewasisan, saged ngertos saestu makartining satunggaling barang, “ban montor bisa ngglindhing amarga wangune bunder lan diwenehi as”.

Nglatih ngendhaleni napsu, tiyang damel dolanan tartamtu ngginakaken kesabaran. Damel dolanan menawi boten sabar tartamtu boten dados, upami dados inggih awon. Nanging awon kados menapa menawi dolanan rakitanipun piyambak temtu langkung marem, dipunopeni amargi ajrih menawi risak, lan boten badhe gampil melik dolanan sanes amargi kulina boten marem menawi boten damel piyambak. Taksih kathah mupangat asipat kajiwan sanesipun tumrap lare sesambetan kaliyan damel dolanan piyambak punika, mbok bilih boten cekap wekdalipun kaandharaken wonten ing ngriki. Ingkang cetha, kanthi damel dolanan piyambak lare dados prigel, cerdas saha kreatif.

Tumrap Jawi, dolanan kabage dados kalih wujud inggih punika dolanan wujud barang lan dolanan wujud pakarti. Dolanan ingkang awujud pakarti kaprahipun boten namung katindakaken lare setunggal piyambakan, ananging katindakaken dening langkung saking setunggal lare. Ing kabudayan Jawi kathah dolanan awujud pakarti menika: kadosta engklek, dhakon, soyang, jamuran, njuk tali njuk emping, cublak suweng, gotri legendri, lan sapanunggilanipun.

Dolanan awujud pakarti menika ageng sanget mupangatipun tumrap mangun kapribadening lare. Wiwit alit sampun sinau srawung, rukun, sayuk lan panunggalan. Kanthi dolanan menika lare dipunlatih boten egois, awit sampun sinau nggatosaken hak-hak saha raos-pangraosipun rencang sanesipun sapadolanan. Upamia boten saged dolanan kaliyan rencang sanjawining griya, lare saged kaajak dolanan kaliyan tetiyang salebeting kulawarga.

Sayektosipun taksih kathah ingkang saged dipunrembag sesambetan kaliyan kabudayan Jawi ingkang prayogi kaparingaken dhateng lare salebeting lingkungan kulawarga kanthi cara wantah menapa dene samudana. Namung kawengku ing wekdal ingkang winates, mbok bilih menika rumiyin ingkang saged kawula aturaken, mugi piguna.

Matur nuwun.

Kaaturaken ing Sarasehan PKK Kecamatan Banjarsari, Surakarta
Kamis, 30 Juni 2011

tolong masukannya yah

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s