Mangayubagya Hari Tari Dunia

Solopos, Kamis 6 Mei 2010

Ing dina Kemis tanggal 29 April 2010 iki para seniman (tari kususe) mangayubagya Hari Tari Dunia kang kaping 28, sakwise dicanangke dening PBB ing taun 1982. Prayaan iki dianakke kanggo ngelingi tokoh tari modern Jean-Georges Noverre kang lair ing taun 1727. Ing pahargyan taun iki PBB nduweni pesen “REACHING FOR EQUALITY, COMPASSION AND TOLERANCE” (Ngranggeh Kesetaraan, Kebersamaan dan Toleransi).

Solo, kutha kang dadi punjere kabudayan Jawa lan uga nduweni seniman-seniman tari kang wis misuwur jenenge nganti mancanegara, uga mangayubagya Hari Tari Dunia kanthi nggelar pementasan Solo Menari lan 24 Jam Menari kang dipandhegani dening Jurusan Tari Fakultas Seni Pertunjukan ISI Surakarta.

Ing dina Kemis 29 April 2010 saka jam 6 esuk nganti esuke maneh (Jumat 30/4/10) warga Solo diajak melu njoged lan nonton akeh pentas seni tradisional saka seniman-seniman Boyolali, Magelang, Bandung, Cirebon, Ponorogo, Trenggalek, Kalimantan, Sulawesi lan dhaerah Indonesia liyane. Uga para seniman modern saka Singapura, Malaysia, Venezuela lan negara-negara liyane melu nyengkuyung pahargyan iki.

Semangat

Pahargyan iki isa dadi semangat positif kanggo ndadekke monumen bersejarah kanggo ndonya kesenian tari ing Indonesia, kang isa uga kanggo ningkatake daya apresiasi lan rasa tresna masyarakat marang seni budaya bangsa, kususe seni tari.

Kabeh wong wis ngerti yen ta tari dadi salah sijining perangane kang wis isa misuwurke jeneng bangsa lan negara. Tari dadi salah sijining bukti harga dirine bangsa kang rusak dening prasangka ala lan kasunyatan, kang ngucemke jeneng Indonesia ing ndonya global. Uga, kanthi kahanan urip kang akeh masalah lan musibah, seni tari dadi cekelan keri dewe kanggo tetep nguri-uri karep, pangarepan lan kanggo nambahi bombonging pikir lan diri minangka warga negara Indonesia. Seni tari dadi bukti eksistensi Indonesia ing caturan ndonya. Mula kanthi pemikiran mangkana, tari wajib kita jaga lan uri-uri nganti saklawase.

Wis suwe tari dadi perangane seni tontonan, ritual lan uga dadi pasinaonan hayatan. Malah ing wektu-wektu saiki, tari wis dadi bahan penelitian lan iso kolaborasi karo macem-macem ilmu pengetahuan, teknologi, kesehatan lan uga malah isa dadi terapi sosial.

Tari isa mbuktekake dadi wacana masa sakcandhake lan isa dadi penerus tapak sejarah lan kabudayan jaman biyen kanthi mbukak wawasan karo pemikiran kabudayan jaman saiki lan sakngarepe mengko.

Tanpa Wates

Ing wektu-wektu saiki seniman tari ora matesi awakke kanthi laku teknis lan praktis, namung uga sinau maca kahanan lan pemikiran saknjabane estetis lan teknik tari. Kabeh kuwi mau kanggo dadi usaha melu urun rembug ing pemikiran universal lan global.

Seniman tari mbuka sensor awak lan rasa pikir kanggo ngartekke macem-macem bentuk lan pemikiran, nguri-uri motivasi kanggo tujuan kreatif kang ngarah ing kualitas artine manungsa ing kabudayan lan peradaban.
Mula, seni tari kang asale saka khasanah adiluhung lan nduweni martabat saka nenek moyang, sakmestine diuri-uri lan dipupuk urip matine ing jaman modern saiki.

UNESCO, perangane PBB kang ngurusi kabudayan nelakake yen ta tari bisa dadi salah sijining cara kanggo nglawan diskriminasi antarane sapadha-padha. Tari dadi wacana kanggo ngambakke pemikiran kanggo urip bebarengan, ora mbedakke siji lan sijine.
Tari ora mung dadi sarana kanggo pamer awak lan teknik fisik utawa ndramatisir kahanan, nanging dadi sarana kanggo nemokake akeh wernane manungsa ing ndonya. Tari ora mung dadi duwekke seniman, nanging kabeh wong uga dadi penari, kanthi ngobahke awak, lan ngrasakke inti semangat njoged ya kuwi ”obah nuruti ati”.

Kanthi mangkono, kaunggulan pikir, rasa lan raga tari isa nahan karep destruktif sakjroning dhiri manungsa. Kanthi Hari Tari, para seniman tari lan masyarakat kabeh isa ketemu, obah bebarengan, madhakke rasa lan pikir kanggo apiking dina kanggo uripe manungsa.

Tari isa dadi cara ucap ing pusering kabudayan ndonya kang nduwe macem-macem ragam. Tari dadi representasi karep ide lan pemikiran, kang uga isa nggabungke macem-maceme olahan artistik kanggo sajiane.

Tari dadi kaya aransemen, susunan lan ekspresi tanpa wates, nanging dadi susunan kang dinamis. Tari dadi kaya himpunan kang ditata saka elemen-elen gerak (awak, kostum, iringan, panggung) lan elemen-elemen liyane (sosial, psikis, politik, kabudayan lan uga spiritualitas masyarakat) ing babaran amba kang isa ndadekke tari dadi bukti lan arti kadhudhukan lan eksistensi manungsa.
Pemikiran kaya mangkana kang dadi cara ngawinke awak, intelektualitas lan rasa pangrasa kanggo nggoleki jawaban universal: apa kang bakal isa ndadekke manungsa dadi manusiawi. Jawabane ya kuwi kesenian, kanthi ngembangke karep, pemikiran kanggo mbentuk, ngisi lan ngartekke arti lan pangerten urip.

Tari dadi pepesthen karep lan usaha rekonsiliasi kultural kanggo menehi pangerten yen ta tari ora mung instrumen lan awak, nanging uga dadi sarana komunikasi antarane wong siji lan liyane, suku, golongan lan uga bangsa. Sugeng mangayubagya Hari Tari Dunia kang kaping 28!

Sing nulis Purnawan Andra,
Sekretaris Panitia Hari Tari Dunia 2010, lagi sinau kabudayan (Jawa) ing Jurusan Tari Fakultas Seni Pertunjukan – ISI Surakarta

About these ads

tolong masukannya yah

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s